SERAT JAYABAYA


Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran ---> Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
Tanah Jawa kalungan wesi ---> Pulau Jawa berkalung besi.
Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang ---> Perahu berjalan di angkasa.
Kali ilang kedhunge ---> Sungai kehilangan mata air.
Pasar ilang kumandhang ---> Pasar kehilangan suara.
Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak ---> Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
Sekilan bumi dipajeki ---> Sejengkal tanah dikenai pajak.
Jaran doyan mangan sambel ---> Kuda suka makan sambal.
Wong wadon nganggo pakeyan lanang --->Orang perempuan berpakaian lelaki.
Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman ---> Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik.
Akeh janji ora ditetepi ---> Banyak janji tidak ditepati.
Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe ---> Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
Manungsa padha seneng nyalah ---> Orang-orang saling lempar kesalahan.
Ora ngendahake hukum Hyang Widhi ---> Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
Barang jahat diangkat-angkat ---> Yang jahat dijunjung-junjung.
Barang suci dibenci ---> Yang suci (justru) dibenci.
Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwi t---> Banyak orang hanya mementingkan uang.
Lali kamanungsan ---> Lupa jati kemanusiaan.
Lali kabecikan ---> Lupa hikmah kebaikan.
Lali sanak lali kadang ---> Lupa sanak lupa saudara.
Akeh bapa lali anak ---> Banyak ayah lupa anak.
Akeh anak wani nglawan ibu --->Banyak anak berani melawan ibu.
Nantang bapa ---> Menantang ayah.
Sedulur padha cidra ---> Saudara dan saudara saling khianat.
Kulawarga padha curiga ---> Keluarga saling curiga.
Kanca dadi mungsuh ---> Kawan menjadi lawan.
Akeh manungsa lali asale ---> Banyak orang lupa asal usul.
Ukuman Ratu ora adil ---> Hukuman Raja tidak adil.
Akeh pangkat sing jahat lan ganji l---> Banyak pejabat jahat dan ganjil
Akeh kelakuan sing ganjil ---> Banyak ulah-tabiat ganjil
Wong apik-apik padha kapencil ---> Orang yang baik justru tersisih.
Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin ---> Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
Luwih utama ngapusi ---> Lebih mengutamakan menipu.
Wegah nyambut gawe ---> Malas untuk bekerja.
Kepingin urip mewah ---> Inginnya hidup mewah.
Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka ---> Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
Wong bener thenger-thenger ---> Orang (yang) benar termangu-mangu.
Wong salah bungah ---> Orang (yang) salah gembira ria.
Wong apik ditampik-tampik ---> Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
Wong jahat munggah pangkat ---> Orang (yang) jahat naik pangkat.
Wong agung kasinggung ---> Orang (yang) mulia dilecehkan
Wong ala kapuja ---> Orang (yang) jahat dipuji-puji.
Wong wadon ilang kawirangane ---> perempuan hilang malu.
Wong lanang ilang kaprawirane ---> Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
Akeh wong lanang ora duwe bojo ---> Banyak laki-laki tak mau beristri.
Akeh wong wadon ora setya marang bojone ---> Banyak perempuan ingkar pada suami.
Akeh ibu padha ngedol anake ---> Banyak ibu menjual anak.
Akeh wong wadon ngedol awake ---> Banyak perempuan menjual diri.
Akeh wong ijol bebojo ---> Banyak orang gonta-ganti pasangan.
Wong wadon nunggang jaran ---> Perempuan menunggang kuda.
Wong lanang linggih plangki ---> Laki-laki naik tandu.
Randha seuang loro ---> Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
Prawan seaga lima ---> Lima perawan lima picis.
Dhudha pincang laku sembilan uang ---> Duda pincang laku sembilan uang.
Akeh wong ngedol ngelmu ---> Banyak orang berdagang ilmu.
Akeh wong ngaku-aku ---> Banyak orang mengaku diri.
Njabane putih njerone dhadhu ---> Di luar putih di dalam jingga.
Ngakune suci, nanging sucine palsu ---> Mengaku suci, tapi palsu belaka.
Akeh bujuk akeh lojo---> Banyak tipu banyak muslihat.
Akeh udan salah mangsa---> Banyak hujan salah musim.
Akeh prawan tuwa---> Banyak perawan tua.
Akeh randha nglairake anak---> Banyak janda melahirkan bayi.
Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne---> Banyak anak lahir mencari bapaknya.
Agama akeh sing nantang---> Agama banyak ditentang.
Prikamanungsan saya ilang---> Perikemanusiaan semakin hilang.
Omah suci dibenci---> Rumah suci dijauhi.
Omah ala saya dipuja---> Rumah maksiat makin dipuja.
Wong wadon lacur ing ngendi-endi---> Perempuan lacur dimana-mana.
Akeh laknat---> Banyak kutukan.
Akeh pengkianat---> Banyak pengkhianat.
Anak mangan bapak---> Anak makan bapak.
Sedulur mangan sedulur---> Saudara makan saudara.
Kanca dadi mungsuh---> Kawan menjadi lawan.
Guru disatru---> Guru dimusuhi.
Tangga padha curiga--->Tetangga saling curiga.
Kana-kene saya angkara murka ---> Angkara murka semakin menjadi-jadi.
Sing weruh kebubuhan---> Barangsiapa tahu terkena beban.
Sing ora weruh ketutuh---> Sedang yang tak tahu disalahkan.
Besuk yen ana peperangan---> Kelak jika terjadi perang.
Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---> Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
Akeh wong becik saya sengsara---> Banyak orang baik makin sengsara.
Wong jahat saya seneng---> Sedang yang jahat makin bahagia.
Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul---> Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
Wong salah dianggep bener---> Orang salah dipandang benar.
Pengkhianat nikmat---> Pengkhianat nikmat.
Durjana saya sempurna---> Durjana semakin sempurna.
Wong jahat munggah pangkat---> Orang jahat naik pangkat.
Wong lugu kebelenggu---> Orang yang lugu dibelenggu.
Wong mulya dikunjara---> Orang yang mulia dipenjara.
Sing curang garang---> Yang curang berkuasa.
Sing jujur kojur---> Yang jujur sengsara.
Pedagang akeh sing keplarang---> Pedagang banyak yang tenggelam.
Wong main akeh sing ndadi---> Penjudi banyak merajalela.
Akeh barang haram---> Banyak barang haram.
Akeh anak haram---Banyak anak haram.
Wong wadon nglamar wong lanang---> Perempuan melamar laki-laki.
Wong lanang ngasorake drajate dhewe---> Laki-laki memperhina derajat sendiri.
Akeh barang-barang mlebu luang---> Banyak barang terbuang-buang.
Akeh wong kaliren lan wuda---> Banyak orang lapar dan telanjang.
Wong tuku ngglenik sing dodol---> Pembeli membujuk penjual.
Sing dodol akal okol---> Si penjual bermain siasat.
Wong golek pangan kaya gabah diinteri---> Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
Sing kebat kliwat---> Yang tangkas lepas.
Sing telah sambat---> Yang terlanjur menggerutu.
Sing gedhe kesasar---> Yang besar tersasar.
Sing cilik kepleset---> Yang kecil terpeleset.
Sing anggak ketunggak---> Yang congkak terbentur.
Sing wedi mati---> Yang takut mati.
Sing nekat mbrekat---> Yang nekat mendapat berkat.
Sing jerih ketindhih---> Yang hati kecil tertindih
Sing ngawur makmur---> Yang ngawur makmur
Sing ngati-ati ngrintih---> Yang berhati-hati merintih.
Sing ngedan keduman---> Yang main gila menerima bagian.
Sing waras nggagas---> Yang sehat pikiran berpikir.
Wong tani ditaleni---> Orang (yang) bertani diikat.
Wong dora ura-ura---> Orang (yang) bohong berdendang.
Ratu ora netepi janji, musna panguwasane--> -Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
Bupati dadi rakyat---> Pegawai tinggi menjadi rakyat.
Wong cilik dadi priyayi---> Rakyat kecil jadi priyayi.
Sing mendele dadi gedhe---> Yang curang jadi besar.
Sing jujur kojur---> Yang jujur celaka.
Akeh omah ing ndhuwur jaran---> Banyak rumah di punggung kuda.
Wong mangan wong---> Orang makan sesamanya.
Anak lali bapak---> Anak lupa bapa.
Wong tuwa lali tuwane---> Orang tua lupa ketuaan mereka.
Pedagang adol barang saya laris---> Jualan pedagang semakin laris.
Bandhane saya ludhes---> Namun harta mereka makin habis.
Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---> Banyak orang mati lapar di samping makanan.
Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---> Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
Sing edan bisa dandan---> Yang gila bisa bersolek.
Sing bengkong bisa nggalang gedhong---> Si bengkok membangun mahligai.
Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---> Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
Ana peperangan ing njero---> Terjadi perang di dalam.
Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---> Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
Durjana saya ngambra-ambra---> Kejahatan makin merajalela.
Penjahat saya tambah---> Penjahat makin banyak.
Wong apik saya sengsara---> Yang baik makin sengsara.
Akeh wong mati jalaran saka peperangan---> Banyak orang mati karena perang.
Kebingungan lan kobongan---> Karena bingung dan kebakaran.
Wong bener saya thenger-thenger---> Si benar makin tertegun.
Wong salah saya bungah-bungah---> Si salah makin sorak sorai.
Akeh bandha musna ora karuan lungane---> Banyak harta hilang entah ke mana
Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---> Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---> Banyak barang haram, banyak anak haram.
Bejane sing lali, bejane sing eling---> Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
Nanging sauntung-untunge sing lali---> Tapi betapapun beruntung si lupa.
Isih untung sing waspada---> Masih lebih beruntung si waspada.
Angkara murka saya ndadi---> Angkara murka semakin menjadi.
Kana-kene saya bingung---> Di sana-sini makin bingung.
Pedagang akeh alangane---> Pedagang banyak rintangan.
Akeh buruh nantang juragan---> Banyak buruh melawan majikan.
Juragan dadi umpan---> Majikan menjadi umpan.
Sing suwarane seru oleh pengaruh---> Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
Wong pinter diingar-ingar---> Si pandai direcoki.
Wong ala diuja---> Si jahat dimanjakan.
Wong ngerti mangan ati---> Orang yang mengerti makan hati.
Bandha dadi memala---> Hartabenda menjadi penyakit
Pangkat dadi pemikat---> Pangkat menjadi pemukau.
Sing sawenang-wenang rumangsa menang ---> Yang sewenang-wenang merasa menang
Sing ngalah rumangsa kabeh salah---> Yang mengalah merasa serba salah.
Ana Bupati saka wong sing asor imane---> Ada raja berasal orang beriman rendah.
Patihe kepala judhi---> Maha menterinya benggol judi.
Wong sing atine suci dibenci---> Yang berhati suci dibenci.
Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---> Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
Pemerasan saya ndadra---> Pemerasan merajalela.
Maling lungguh wetenge mblenduk ---> Pencuri duduk berperut gendut.
Pitik angrem saduwure pikulan---> Ayam mengeram di atas pikulan.
Maling wani nantang sing duwe omah---> Pencuri menantang si empunya rumah.
Begal pada ndhugal---> Penyamun semakin kurang ajar.
Rampok padha keplok-keplok---> Perampok semua bersorak-sorai.
Wong momong mitenah sing diemong---> Si pengasuh memfitnah yang diasuh
Wong jaga nyolong sing dijaga---> Si penjaga mencuri yang dijaga.
Wong njamin njaluk dijamin---> Si penjamin minta dijamin.
Akeh wong mendem donga---> Banyak orang mabuk doa.
Kana-kene rebutan unggul---> Di mana-mana berebut menang.
Angkara murka ngombro-ombro---> Angkara murka menjadi-jadi.
Agama ditantang---> Agama ditantang.
Akeh wong angkara murka---> Banyak orang angkara murka.
Nggedhekake duraka---> Membesar-besarkan durhaka.
Ukum agama dilanggar---> Hukum agama dilanggar.
Prikamanungsan di-iles-iles---> Perikemanusiaan diinjak-injak.
Kasusilan ditinggal---> Tata susila diabaikan.
Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---> Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
Wong cilik akeh sing kepencil---> Rakyat kecil banyak tersingkir.
Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---> Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---> Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
Lan duwe prajurit---> Dan punya prajurit.
Negarane ambane saprawolon---> Lebar negeri seperdelapan dunia.
Tukang mangan suap saya ndadra---> Pemakan suap semakin merajalela.
Wong jahat ditampa---> Orang jahat diterima.
Wong suci dibenci---> Orang suci dibenci.
Timah dianggep perak---> Timah dianggap perak.
Emas diarani tembaga---> Emas dibilang tembaga.
Dandang dikandakake kuntul---> Gagak disebut bangau.
Wong dosa sentosa---> Orang berdosa sentosa.
Wong cilik disalahake---> Rakyat jelata dipersalahkan.
Wong nganggur kesungkur---> Si penganggur tersungkur.
Wong sregep krungkep---> Si tekun terjerembab.
Wong nyengit kesengit---> Orang busuk hati dibenci.
Buruh mangluh---> Buruh menangis.
Wong sugih krasa wedi---> Orang kaya ketakutan.
Wong wedi dadi priyayi---> Orang takut jadi priyayi.
Senenge wong jahat---> Berbahagialah si jahat.
Susahe wong cilik---> Bersusahlah rakyat kecil.
Akeh wong dakwa dinakwa---> Banyak orang saling tuduh.
Tindake manungsa saya kuciwa---> Ulah manusia semakin tercela.
Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---> Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
Wong Jawa kari separo---> Orang Jawa tinggal setengah.
Landa-Cina kari sejodho ---> Belanda - Cina tinggal sepasang.
Akeh wong ijir, akeh wong cethil---> Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
Sing eman ora keduman---> Si hemat tidak mendapat bagian.
Sing keduman ora eman---> Yang mendapat bagian tidak berhemat.
Akeh wong mbambung---> Banyak orang berulah dungu.
Akeh wong limbung---> Banyak orang limbung.
Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---> Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.

Comments

Popular posts from this blog

PRIMBON JAWA LENGKAP

BUBUR MERAH PUTIH UNTUK SELAMATAN WETON

UPACARA ADAT MITONI ( 7 BULAN KEHAMILAN )