Ramalan Jayabaya

00. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda. 01. Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi. 02. Prahu mlaku ing dhuwur awang- awang --- Perahu berlayar di ruang angkasa. 03. Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan lubuk. 04. Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara. 05. Iku tandha yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda jaman Jayabaya telah mendekat. 06. Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut. 07. Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak. 08. Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal. 09. Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki. 10. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman--- Itu pertanda orang akan mengalami jaman berbolak- balik 11. Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati. 12. Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri. 13. Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan. 14. Ora ngendahake hukum Allah--- Tak peduli akan hukum Allah. 15. Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung. 16. Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci. 17. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang. 18. Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan. 19. Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan. 20. Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara. 21. Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak. 22. Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu. 23. Nantang bapa--- Menantang ayah. 24. Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat. 25. Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga. 26. Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan. 27. Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul. 28. Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil 29. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil- -- Banyak pejabat jahat dan ganjil 30. Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil 31. Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih. 32. Akeh wong nyambut gawe apik- apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru malu. 33. Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu. 34. Wegah nyambut gawe --- Malas menunaikan kerja. 35. Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah. 36. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka. 37. Wong bener thenger-thenger --- Si benar termangu- mangu. 38. Wong salah bungah --- Si salah gembira ria. 39. Wong apik ditampik-tampik--- Si baik ditolak ditampik. 40. Wong jahat munggah pangkat--- Si jahat naik pangkat. 41. Wong agung kasinggung--- Yang mulia dilecehkan 42. Wong ala kapuja--- Yang jahat dipuji-puji. 43. Wong wadon ilang kawirangane-- - perempuan hilang malu. 44. Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang perwira/kejantanan 45. Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki- laki tak mau beristri. 46. Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami. 47. Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak. 48. Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri. 49. Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang tukar pasangan. 50. Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda. 51. Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu. 52 . Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8 ,5 sen). 53. Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis. 54. Dhudha pincang laku sembilan uang- -- Duda pincang laku sembilan uang. 55. Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.
56. Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
57. Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
58. Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka. 59. Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat. 60. Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim. 61. Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua. 62. Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi. 63. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya. 64. Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang. 65. Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang. 66. Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi. 67. Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja. 68. Wong wadon lacur ing ngendi- endi--- Di mana- mana perempuan lacur 69. Akeh laknat--- Banyak kutukan 70. Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat. 71. Anak mangan bapak---Anak makan bapak. 72. Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara. 73. Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan. 74. Guru disatru--- Guru dimusuhi. 75. Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga. 76. Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi- jadi. 77. Sing weruh kebubuhan--- Barangsiapa tahu terkena beban. 78. Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan. 79. Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang. 80. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara. 81. Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara. 82. Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia. 83. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau. 84. Wong salah dianggep bener--- Orang salah dipandang benar. 85. Pengkhianat nikmat--- Pengkhianat nikmat. 86. Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna. 87. Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat. 88. Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu. 89. Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara. 90. Sing curang garang--- Yang curang berkuasa. 91. Sing jujur kojur-- - Yang jujur sengsara. 92. Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam. 93. Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela. 94. Akeh barang haram---Banyak barang haram. 95. Akeh anak haram---Banyak anak haram. 96. Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki. 97. Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri. 98. Akeh barang- barang mlebu luang- --Banyak barang terbuang-buang. 99. Akeh wong kaliren lan wuda--- Banyak orang lapar dan telanjang. 100. Wong tuku ngglenik sing dodol-- -Pembeli membujuk penjual. 101. Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat. 102. Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi. 103. Sing kebat kliwat---Siapa tangkas lepas. 104. Sing telah sambat---Siapa terlanjur menggerutu. 105. Sing gedhe kesasar---Si besar tersasar. 106. Sing cilik kepleset---Si kecil terpeleset. 107. Sing anggak ketunggak---Si congkak terbentur. 108. Sing wedi mati- --Si takut mati. 109. Sing nekat mbrekat---Si nekat mendapat berkat. 110. Sing jerih ketindhih---Si hati kecil tertindih 111. Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur 112. Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih. 113. Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian. 114. Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir. 115. Wong tani ditaleni---Si tani diikat. 116. Wong dora ura- ura---Si bohong menyanyi-nyanyi 117. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane--- Raja ingkar janji, hilang wibawanya. 118. Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat. 119. Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi. 120. Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar. 121. Sing jujur kojur---Yang jujur celaka. 122. Akeh omah ing ndhuwur jaran--- Banyak rumah di punggung kuda. 123. Wong mangan wong---Orang makan sesamanya. 124. Anak lali bapak- --Anak lupa bapa. 125. Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka. 126. Pedagang adol barang saya laris--- Jualan pedagang semakin laris. 127. Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis. 128. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan--- Banyak orang mati lapar di samping makanan. 129. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara. 130. Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek. 131. Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai. 132. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih. 133. Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam. 134. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham. 135. Durjana saya ngambra-ambra--- Kejahatan makin merajalela. 136. Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak. 137. Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara. 138. Akeh wong mati jalaran saka peperangan--- Banyak orang mati karena perang. 139. Kebingungan lan kobongan--- Karena bingung dan kebakaran. 140. Wong bener saya thenger- thenger---Si benar makin tertegun. 141. Wong salah saya bungah- bungah---Si salah makin sorak sorai. 142. Akeh bandha musna ora karuan lungane---Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe Banyak harta hilang entah ke mana, Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa. 143. Akeh barang- barang haram, akeh bocah haram--- Banyak barang haram, banyak anak haram. 144. Bejane sing lali, bejane sing eling--- Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar. 145. Nanging sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa. 146. Isih untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada. 147. Angkara murka saya ndadi--- Angkara murka semakin menjadi. 148. Kana-kene saya bingung---Di sana- sini makin bingung. 149. Pedagang akeh alangane--- Pedagang banyak rintangan. 150. Akeh buruh nantang juragan--- Banyak buruh melawan majikan. 151. Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan. 152. Sing suwarane seru oleh pengaruh- --Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh. 153. Wong pinter diingar-ingar---Si pandai direcoki. 154. Wong ala diuja- --Si jahat dimanjakan. 155. Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati. 156. Bandha dadi memala--- Hartabenda menjadi penyakit 157. Pangkat dadi pemikat---Pangkat menjadi pemukau. 158. Sing sawenang- wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang 159. Sing ngalah rumangsa kabeh salah---Yang mengalah merasa serba salah. 160. Ana Bupati saka wong sing asor imane---Ada raja berasal orang beriman rendah. 161. Patihe kepala judhi--Maha menterinya benggol judi 162. Wong sing atine suci dibenci--Yang berhati suci dibenci 163. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat--Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa. 164. Pemerasan saya ndadra--- Pemerasan merajalela. 165. Maling lungguh wetenge mblenduk --Pencuri duduk berperut gendut166. Pitik angrem saduwure pikulan--- Ayam mengeram di atas pikulan. 167. Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah. 168. Begal pada ndhugal--- Penyamun semakin kurang ajar. 169. Rampok padha keplok-keplok--- Perampok semua bersorak-sorai. 170. Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh 171. Wong jaga nyolong sing dijaga- --Si penjaga mencuri yang dijaga. 172. Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin. 173. Akeh wong mendem donga--- Banyak orang mabuk doa. 174. Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang. 175. Angkara murka ngombro-ombro--- Angkara murka menjadi-jadi. 176. Agama ditantang---Agama ditantang. 177. Akeh wong angkara murka--- Banyak orang angkara murka. 178. Nggedhekake duraka--- Membesar-besarkan durhaka. 179. Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar. 180. Prikamanungsan di iles-iles-- Perikemanusiaan diinjak-injak. 181. Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan 182. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi-- -Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi. 183. Wong cilik akeh sing kepencil--- Rakyat kecil banyak tersingkir. 184. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat. 185. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit. 186. Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit. 187. Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia. 188. Tukang mangan suap saya ndadra--- Pemakan suap semakin merajalela. 189. Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima. 190. Wong suci dibenci---Orang suci dibenci. 191. Timah dianggep perak---Timah dianggap perak. 192. Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga 193. Dandang dikandakake kuntul- --Gagak disebut bangau. 194. Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa. 195. Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.

196. Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur. 197. Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab. 198. Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci. 199. Buruh mangluh- --Buruh menangis. 200. Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan. 201. Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi. 202. Senenge wong jahat--- Berbahagialah si jahat. 203. Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil. 204. Akeh wong dakwa dinakwa--- Banyak orang saling tuduh. 205. Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela. 206. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi- --Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai. 207. Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal separo. 208. Landa-Cina kari sejodho --- Belanda- Cina tinggal sepasang. 209. Akeh wong ijir, akeh wong cethil--- Banyak orang kikir, banyak orang pelit. 210. Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian. 211. Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat. 212. Akeh wong mbambung--- Banyak orang berulah dungu. 213. Akeh wong limbung---Banyak orang limbung. 214. Selot-selote mbesuk wolak- waliking jaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya jaman.

Comments

Popular posts from this blog

PRIMBON JAWA LENGKAP

BUBUR MERAH PUTIH UNTUK SELAMATAN WETON

UPACARA ADAT MITONI ( 7 BULAN KEHAMILAN )